Jumat, 29 Oktober 2010

Bedah cerito : Damar Wulan Minak Jinggo

DAMARULAN LAN MINAKJINGGO iku mula tokoh penting nong Serat Damarulan, yaiku kang nyeritakaken perang antarane keraton Majapahit kang dipimpin Prabu Kenya Kencanawungu ngelawan Prabu Menakjingga Urubisma raja Blambangan. Inti ceritane, ahire Prabu Menakjingga bisa dipateni Damarulan lan endhase ditugel aju digawa nyang Majapahit diuwakaken nyang Prabu Kenya Kencanawungu. Kerana bisa mateni Menakjingga, Damarulan dhaup ambi Damarulan kang diuweni jejuluk Brawijaya.
Kadhung ditamakaken sedhilut cerita Serat Damarulan mel, padha ambi sejarahe Perang Paregreg (1401-1406 ) yaiku Wikramawardhana raja Majapahit perang ngelawan Bhre Wirabumi kang keratone ring Pamotan. Nong sejarah iku ahire Bhre Wirabhumi kang nyelametaken awake munggah nong perau bengi-bengi bisa diuber ambi Narapati Raden Gajah Lan endhase Bhre Wirabhumi diuwakaken nyang Wikramawardhana. Endhase Bhre Wirabhumi iku dipendhem ring desa Lung, candhine Grisaputra. Candhi iku dibangun taun Saka 1328 utawa tahun 1406 Masehi.
Kadhung ring serat damarulan pahiawan Majapahit Raden Damarulan ahire dhaup ambi Prabu Kenya Kencanawungu, naming elek nasibe pahiawan Majapahit nong sejarah. Nong sejarah disebutaken Narapati Raden Gajah diukum mati ambi Dewi Suhita kang munggah dadi ratu ngganti bapake yaiku Wikramawardhana kang mati taun 1427, kerana temakaken Dewi Suhita iku magih putune Bhre Wirabhumi.
Kitab Pararaton njelentrehaken ga Perang Paregreg iku perange Kedhaton Kulon kang dipimpin Hyang Wisesa Wikramawardhana kang dununge ring Majapahit musuh Kedhaton Wean kang rajane Shre Wirabhumi kang dununge ring Pamotan. Pamotan iku panggone ring kulone Kali Porong.
Serat Damarulan kang paling tuwek ditulis taun 1748 M pas jamane Sunan Pakubhuwana II 1725-1748 ). Serat iki ceritane mong sampek dhaupe Prabu Kenya Kencanawungu ambi Raden Damarulan. Man iku rikala taun 1900-an akeh cukul cerita Damarulan-Menakjingga kang isi ceritane wis mekar lan akeh carangane. Nong Serat Damarulan kang paling tuwek tokoh kang diceritakaken yaiku Patih Udara, Patih Lo Gender Lan anake yaiku Layangseta, Layangkumitir, Anjasmara. Patih Udara uga dijuluki Tunggulmanik duwe rabi arane Dewi Citrawati kang ngelairaken anak kang aran Damarulan. Sakat magih cilik Damarulan diemong ambi adone yaiku Begawan Mustikamaya kang uga kesuwur aran Begawan Santanamurti ring Dukuh Paluhamba kang duwe punakawan Nayagenggong lan Sabdapalon. Serta Damarulan munggah dewasaambi adone lyane dikongkon menyang nyang Majapahit perlu ngabdi nyang raja.
Prabu Menakjingga Urubisma duwe punakawan yaiku Dayun. Rabine loro yaiku Wahita Lan Puyengan. Prabu Menakjingga kesuwur sakti rnandraguna kerana duwe jimat wesi kuning. Patihe loro yaikuAngkat Buta an Kot (Ongkot) Buta. Kanggo ngelawan Prabu Menakjingga raja Blambangan, Prabu Kenya Kencana Wungu raja Majapahit ngangkat Rangga Lawe dadi agul-agul (panglima perang). Rangga Lawe duwe anak loro arane Buntaran Lan watangan. Ana uga Adipati Lumajang kang arane Menak Kuncar. Iku mau antarane tokoh-tokoh kang ana ring Serat Damarulan kang paling tuwek yaiku taun 1748.
Dongeng KangAna Ring Masyarakat Ring Banyuwangi akeh dongeng kang dileluri teka para sepuh, antarane cerita kang ana sambungane ambi Menakjingga, yaiku dongeng “Kebomarcuet Lan Jaka Umbaran” uga dongeng “Bambang Menak”. Ringkesane dongeng Kebomarcuet Lan Jaka Umbaran gedigi: Ring Alas Purwa ana kebo awake menungsa kang sakti. Prajurit Lan senapati Majapahit wedi ngadhepi. Nalika iku Blambangan diperintah ambi Majapahit. Sawijine dma ana aruhara kang dipimpin ambi Menak Subali kang kesaktlane ngelebihi senopati Majapahit. Akibate akeh prajurit Majapahit kang ketekan pati ngadhepi Menak Subali. Kanggo njaga keselametane Majapahit, Prabu Brawijaya njaluk tulung nyang Kebomarcuet. Terusane cerita, Menak Subali bisa dipateni Kebomarcuet, saengga Majapahit bisa aman maning. Menak Subali ninggalaken rabi kang aran Jinggawati kang nalika iku meteng. Serta bayine lair diarani Jaka Umbaran. Sakat magih cilik Jaka Umbaran diemong Lan diwulang ambi pendhita kang sakti yaiku Ki Ajar Pamengger. Serta wis munggah dewasa Jaka Umbaran nakokaken sapa setemene bapake. Diceritakaken ambi Ki Ajar Pamengger kadhung bapake Jaka Umbaran iku sing liya maning yaiku Menak Subali patih Majapahit kang kesuwur sakti naming ketekan pati ambi Kebomarcuet teka Alas Purwa. Jaka Umbaran gemulak atine ngerungokaken cerita iku. lyane mendhem bangkel kang banget Lan kepingin mbales patine bapake.
Serta wis cukup sangune Jaka Umbaran Jaka Umbaran kang wis digembleng Ki Ajar Pamengger pamit nyang gurune perlu berangkat nyang Alas Purwa mbales patine bapake. Ki Ajar Pamengger sing bisa menging mung bisa ndongakaken. Gadug Alas Purwa Jaka Umbaran perang tandhing ambi Kebomarcuet. Jaka umbaran werung ga kesaktlane Kebomarcuet iku sungu ring endhase. Mula ambi Jaka umbaran sungu mau didudut, sakal Kebomarcuet mati. Sungu mau ferns dadi pusaka kang ampuh kang aran Wesi kuning.
Serta Kebomarcuet Lan balane wis kalah, Jaka Umbaran munggah dadi raja Blamabangan kelawan juluk Prabu Urubisma, uga kejuluk Prabu Menakjingga. Jejuluk Menakjingga sing liya maning gabungan antarane arane bapake Lan emake “Menak” Subali Lan “Jingga” wati. Seteruse Prabu Menakjingga kelawan pusaka wesi kuninge nerusaken kekarepane bapake ngelawan Majapahit. Nurut pikire Jaka Umbaran matine bapake uga kerana Prabu Brawijaya kang njaluk tulung nyang Kebomarcuet. Ringkesane dongeng Bambang Menakgedigi:
Adipati Marcuet teka guwa Siluman Blambangan mberontak nyang Majapahit. Kabeh senopati Majapahit sing mampu nandhingi Adipati Marcuet. Adi pati Marcuet nantang Prabu Brawijaya tandhing nong kalangan kanggo mungkasi perang. Prabu Brawijaya sing wani ngadhepi Adipati Marcuet. Mula iyane nganakaken sayembara sapa kang bisa mateni Adipati Marcuet mbesok didadekaken Adipati Blambanagan Lan dirabekaken ambi Kencanawungu putri raja Majapahit. Akeh kang milu sambara mau kerana rumangsa sagah ngadhepi Adipati Marcuet, naming kabeh ketekan pati ring palagan. Pungkasane ana lare enom kang ngeleboni sayembara yaiku Bambang Menak muride Ki Ajar Pamengger teka Gunung Bibis. Kelawan diidini gurune Bambang Menak ngadhep raja Majapahit terus nuju palagan. Ring palagan Bambang Menak bisa mateni Adipati Mercuet, naming raine tatu kang seru ndadekaken raine katon nyeremaken.
Kelawan kepaksa Prabu Brawijaya ngangkat Bambang Menak dadi Adipati Blambangan kaya kang wis dadi semayane. Bambang Menak dijuluki Menakjingga. Menak arane dhewek, Jingga juluke Adipati Marcuet. Prabu Brawijaya ngongkon Adipati Menakjingga supaya gancang-gancang nuju Blambangan. Dene dhaupane ambi putri Kencanawungu ditundha sulung. Alasane raja, kerana kawinane iku butuh peragat kang akeh. Adipati Menakjingga nerima paran ucapane raja.
Sing sepira suwe raja Brawijaya ninggal, kang dadi gantine putri Kencanawungu kang magih perawan, mula iyane ulih juluk Prabu Kenya Kencanawungu. Kabeh adipati nerima munggahe Kencanawungu kejaba Adipati Blambangan. Kerana Adipati Menakjingga rumangsa iyane kang bisa mateni Adipati Marcuet Lan semayane raja arep ngerabekaken lyane ambi putri Kencanawungu durung kelaksan. Lan nurut pikirane Adipati Menakjingga, seumpama Prabu Brawijaya magih urip, kang nduweni hak munggah dadi raja sing tiya maning iyane dhewek. Mula iku janjine Prabu Brawijaya kudu tuhoni. Ahire perkara iki kang ndadekaken Majapahit Lan Blambangan tawur nong palagan. - Serat Damarulan Lan Sejarah Nong Serat Damarulan iku ana aran-aran tokoh kang ana ring sejarah kayata: Ranggalawe, Brawijaya, Patih Udara Lan panggonan-panggonan kang cocog ambi sejarah kayata: Majapahit, Blambangan, Lumajang Lan sepiturute. Dene aran-aran kang sing ana ring sejarah kayata: Prabu Kenya Kencanawungu, Menakjingga Urubisma, Damarulan, Lo Gender, Wahita, Puyengan Lan seteruse.
Masiya ana tokoh-tokoh kang ana ring sejarah, naming repot dicocogaken kerana nyatane tokoh-tokoh mau urip ring jaman kang beda. Kedadean kang ana ring Serat Damarulan iku kedadean Perang Paregreg yaiku taun 1401-1406 pas jaman pemerintahan Hyang Wisesa Wikramawardhana (1389-1427) naming apuwa nong cerita iku ana tokoh Ranggalawe, Brawijaya Lan Patih Udara. Hale julukan Brawijaya buru ana suwe sakmarine Perang Paregreg tahun 1406, kayata: Brawijaya I, Prabu Kertawijaya (1447-1451), Brawijaya II, Prabu Rajasawardhana (1451-1453), Brawijaya III, Prabu Hyang Purwawisesa (1456-1466), Brawijaya IV, Prabu Pandansalas (1466-1468), Brawijaya V, Prabu Kertabumi (1468-1478), Brawijaya VI, Prabu Girindra Wardhana (1478-1498), Brawijaya VII, Prabu Udara (1498-1518). Kadhung Rangga Lawe, tokoh iki urip nalika jaman pemerintahan Raden Wijaya (Sri Kertajasa Jayawardhana (1294-1309). Kerana mberontak, Rangga Lawe dipateni Mahisa Anabrang taun 1295 ring Kah Tambak Beras. Rangga Lawe nong sejarah disebutken duwe anak aane Kuda Anjamplani. Patih Udara nong sejarah sing urip jaman Majapahit, naming jaman Kediri abad XVI.
Ana aran-aran ring Serat Damarulan kang sing pantes kanggo arane wong bangsawan kya Wahita tan Puyengan. Rakyat biyasah baen sing kira ngarani anake kaya gedigu iku. Kerana artine Wahita iku wong kang ngapusi, Puyengan artine wang kang bingung. Kadhung ana aran kaya iki ya mung dienggo nyindhir utawa bklokan. Paran maning arane patih Angkat Buta Lan KotButa, kerana buta iku artine raksasa kang duwe sipat ganas Lan tukang mangan uwong. Aran-aran gedigi iki pantese dienggo nong dongenge bare cilik utawa ring wayang kulit. Mulane Prof. Dr. Slamet Muljana sampek ngamong: “Masiya cerita Damarulan Lan Menakjingga iku kesuwur, naming nyatane isine nyimpang teka sejarah. Mung apik kanggo tontonan nong genjot, naming kadhung nurutsejarah, cerita iku mung hayalan baen.”
Nurut penelitlan sejarah kang perang nong Perang Paregreg iku raja Wikramawardhana teka kedathon kulon (Majapahit) Lan Bhre Wirabhumi teka kedhaton wetan (pamotan). Naming ring Serat Damarulan kang perang iku Prabu Kenya Kencnawungu raja Majapahit Lan Prabu Menakjingga raja Blambangan.
Kadhung ditamakaken temenanan, Bhre Wirabhumi kang mberontak nyang Wikramawardhana iku kedhatone ring Pamotan kang panggone ring kuloni Kali Porong dhaerah Pasuruan dudu ring dhaerah Besuki, Lumajang utawa Banyuwangi. Kang kudu digoleti jawabane apuwa kang nggawe cerita ring Serat Damarulan kang mberontak sing Pamotan naming milih aran Blambangan? Lan apuwa aran-aran kang nong cerita iku nganggo arankang bida ring sejarah, kaya Wikramawardhana disebut Prabu Kenya Kencanawungu, Bhre Wirabhumi disebut Prabu Menakjingga Urubisma, Patih Gajah Lembana disebut Lo Gender. Pahiawan Majapahit nurut sejarah yaiku Narapartih Raden Gajah kang pungkasane malah dipateni ambi raja Majapahit. Bida ambi Serat Damarulan, Raden Damarulan malah dhaup ambi Prabu Kenya Kencanawungu. Lan maning ana tokoh Menak Kuncar adipati Lumajang Lan aranaran Iiyane kang sing ana ring sejarah.
Sakat kawit laire Serat Damarulan wis akeh kang ndhemeni kerana ceritane apik ana tokoh kang elek tan tokoh kang apik saengga lawas serat iki kesuwur ring Jawa Tengah uga Jawa Timur Lan dhaerah Iiyane kang disuguhaken nong seni pentas ketoprak drama radio Lan ring Banyuwangi dipentasaken ring kesenlan Damarulan utawa Jinggoan. Diarani seni Damarulan utawa Jinggoan kerana kesenlan iku angger-angger cerita kang dipentasaken ya cerita Damarulan-Menakjingga iku. Kesuwure cerita iki ndadekaken akeh para ahli kang kepingin mbongkar misted paran artine Lan karepe cerita kang ana ring serat iki. Saking kesuwure sampek-sampek masarakat akeh kang percaya kadhung cerita iki setemene kedadean temenanan. ( Fatrah Abal )

Sumber : Majalah Seblang

1 komentar: